Materi

A.  Materi Reguler

            Karya prosa yaiku crita rekaan lan khayalan. Prosa tuwuh saka kasil imajinasi pangriptane. Prosa kuwi wujude ana novel, cerkak, cerbung, lan sapanunggalane. Cerkak minangka sawijine wujud karya sastra kang nyuguhake miniatur jagad kang sarwa kompleks. Cerkak njlentrehake kadadeyan luwih cekak jalaran sipat cerkak kuwi wacanan kang bisa diwaca langsung entek lan ora mbutuhake wektu suwe kanggo mangerteni isi crita kang diandharake. Sajrone cerkak ana interaksi kang ora bisa uwal saka perkara antarane manungsa karo alam, manungsa marang Gusti, lan manungsa marang sapadhane.

a.   Teks cerita pendek/cerkak

 

DADI JURAGAN BARANG BEKAS

Dening : Budi Wahyono

 

 

 

Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger saben dina merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet. Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira. Isih cupet. Kudu dimangerteni yen gawe trompet mbutuhake paitan maneka warna. Saka dluwang  werna-werna rupane, kerdhus tumeka lem.

Dluwang wis cumepak sak jogan ruwang tamu. Tumekan dluwang sing

nggilap ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih bisa digunakake. Lem saka pathi kanji ya wis cumepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.

”Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh.

Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman.

”Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlu negesake.

”Kok apik temen kepala sekolahmu, Mug?”

          ”Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak.  Saliyane kuwi uga dadi juara karate nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.

”Kapan kerdhus-kerdhus mau bisa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kanggo

tenan  ta?” bathuke bapake isih pating pengkerut.

”Tenan Pak, Bapak Kepala Sekolah nawani kaya mangkono merga pirsa yen awake dhewe bakulan trompet.”

          Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju sekolah. Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei Bapak Kepala Sekolah piket. Dadi Mugiman ora kecelik. Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman. Eseme sing nentremake ati diumbar.

”Sida golek kerdhus Mug?”

”Saestu Pak, saestu,”

”Lha endi wadhahmu?”

          ”Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semaure sakecekele. Pak Kepala Sekolah gedheg-gedheg.

”Ah, mesakake sirahmu. Yen kenteban  kerdhus malah kelong pintere lho!” guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh.

”Luwih becik bapakmu diaturi rene. Gudhang ya ana grobag cilik, bisa mbok gunakake,”

”Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigaten

kang omber rumangsa kudu sumringah atine.

Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah. Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh temen kerdhus sing diparingake.

”Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakone

lik Min lugu. Pak Mus, kepala sekolah mung gumujeng.

”Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng saget maringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.” Pak Mus ngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit bisa kepetung luwih seketan ewu. Petungan jumlah sing bisa ngurangi rekasane bapake.

Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone

pamitan mulih. Mesthi wae ora lali ngaturake panuwun marang kepala sekolahe.

”Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”

”Iya ta Pak, rencanane semester ngarep aku bakal entuk beasiswa.”

”Saka sekolahan?”

”Saka pamarintah Pak. “

”Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon.

”Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli.

 

 

***

Kocapa  bareng kerdhus mau diusung nganggo grobag menyang ngomah, dumadakan dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper. Mesthi wae dadi repot mbok menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono mau ndadekake sesawangan sing ora kepenak menyang mripat. Bejane Yu Yah sing tukang dodol barang rongsokan rumangsa kudu melu cawe-cawe. Dheweke saguh nukoni kerdhus-kerdhus mau.


”Tinimbang  ngebaki  omah  reged  to  Mug,  piye  yen  daktuku  kerdhus-

kerdhusmu?  Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele.

            ”Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha dodol trompet,” semaure entheng.

”Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”

”Ya, ngono wae timbang repot-repot,”

”Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren.

” Taktuku 50 ewu rupiyah piye?”

”Tambahi sithik ta Lik, iki arep takenggo paitan dodol dluwang rongsokan.

Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..”

”Wah, saingan karo aku yo Le?”

”Ya ora ta Lik, mengko daksetorke sampeyan,”

Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan sing lumayan. Pikirane banjur mletik. Yen kerdhus payu, mesthi dluwang- dluwang duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu.

Mula saploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastik, wis kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel.

Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barang rongsokan mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Ati cilike mongkog rumangsa dadi juragan.

Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang- barang sing wis ora kanggo.

”Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal saka ngendi?”

”Tanpa modhal Pak, tugase bapak saiki nampa lan nukoni wong-wong kang adol

dluwang, kerdhus, plastik, lan wesi. Iki dhaptare rega saben kilone Pak..Yen wis nglumpuk arep diparani sing kawogan..,”

”Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?”

”Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala Sekolah.”

Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggo paitan  urip  sing  luwih mbejaji.  Tinimbang  dadi  buruh  tani.  Tinimbang  mung njagakake dodol trompet setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantuk klakepan.

 

http://planetdemam.blogspot.com/2009/12/dadi-juragan-barang-bekas-cerkak- cerita.html 18 Des 2010 pk 23:30


 

b.   Struktur cerita pendek/cerkak

Sawise nyemak cerkak kanthi irah – irahan “Bapak Polah Anak Kepradhah” , peserta didik diajab bisa mangerteni struktur kang ana ing cerkak. Struktur ing cerkak kaperang dadi:

1.   Tema

2.   Alur

3.   Paraga

4.   Setting

 

Unsur Cerkak

Sawise nyemak teks cerkak, peserta didik diajab bisa nemukake unsur kang ana ing cerkak. Unsur kang diduweni cerkak kaperang dadi :

1.   Unsur instrinsik

Unsur instrinsik yaiku unsur – unsur kang nyengkuyung anane cerkak. Unsur instrinsik dumadi saka :

Ø  Tema

Ø  Latar : wektu, papan, kahanan

Ø  Alur

Ø  Paraga

Ø  Sudut pandang

Ø  Amanat

  1. Unsur ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur unsur kang ana ing sajabane cerkak, ora nduweni gegayutan langsung marang pambangune cerkak.

Ø  Nilai sajrone cerita ( agama, budhaya, politik, ekonomi)

Ø  Pangalaman uripe pangarang.

Ø  Kahanan sosial nalika cerkak dianggit.

 

c.   Unsur kebahasaan dalam cerita pendek/cerkak

Sawise nyemak teks cerkak, peserta didik diajab bisa nemukake unsur kebahasaan sajrone cerkak. Unsur kebahasaan sajrone cerkak adhedhasar lelewaning basa kaperang dadi :

-      Paribasan

Paribasan yaiku unen – unen gumathok, ajeg panggone, ngemu rasa pepindhan, sing dipindhake pakarti utawa kahanane wong.

Tuladha paribasan:

a.     Anak polah bapak kepradhah. Tegese anak nglakoni tumidak bapak melu ngrasakake tumindhake

b.     Suwe mijet wohing ranti. Tegese cepet banget

c.     Lambene kaya kinonci gembok waja. Tegese ora bisa muni apa – apa

d.     Pindha layangan tanpa tali kang kegawa angina menyang ngendi – ngendi. Tegese ngleyang tanpa arah.

 

B.  Materi Remidial

 

a.   Struktur Cerkak

Sawise nyemak cerkak kanthi irah – irahan “Bapak Polah Anak Kepradhah” , peserta didik diajab bisa mangerteni struktur kang ana ing cerkak. Struktur ing cerkak kaperang dadi :

  1. Tema
  2. Alur
  3. Paraga
  4. Setting

 

a.   Unsur Cerkak

Sawise nyemak teks cerkak, peserta didik diajab bisa nemukake unsur kang ana ing cerkak. Unsur kang diduweni cerkak kaperang dadi :

  1. Unsur intrinsik

Unsur instrinsik yaiku unsur – unsur kang nyengkuyung anane cerkak. Unsur instrinsik dumadi saka :

Ø Tema

Ø Latar : wektu, papan, kahanan

Ø Alur

Ø Paraga

Ø Sudut pandang

Ø Amanat

2.     Unsur ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur unsur kang ana ing sajabane cerkak, ora nduweni gegayutan langsung marang pambangune cerkak.

Ø  Nilai sajrone cerita ( agama, budhaya, politik, ekonomi)

Ø  Pangalaman uripe pangarang.

Ø  Kahanan sosial nalika cerkak dianggit.

 

 

C. Materi Pengayaan

 

Unsur Kebahasaan Cerkak

Sawise nyemak teks cerkak, peserta didik diajab bisa nemukake unsur kebahasaan sajrone cerkak. Unsur kebahasaan sajrone cerkak adhedhasar lelewaning basa kaperang dadi :

a.   Paribasan

Paribasan yaiku unen – unen gumathok, ajeg panggone, ngemu rasa pepindhan, sing dipindhake pakarti utawa kahanane wong.

Tuladha paribasan:

  1. Anak polah bapak kepradhah. Tegese anak nglakoni tumidak bapak melu ngrasakake tumindhake
  2. Suwe mijet wohing ranti. Tegese cepet banget
  3. Lambene kaya kinonci gembok waja. Tegese ora bisa muni apa – apa
  4. Pindha layangan tanpa tali kang kegawa angina menyang ngendi – ngendi. Tegese ngleyang tanpa arah.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar